Minggu, 28 Agustus 2022

SULUK PANEMPUH JATI

Dening: Kiyai Mas Ngabehi Dwijodiprojo Puniko “Serat Suluk Panempuh Jati” kanthi Tembang Asmarandana anggitanipun Kiyai Mas Ngabehi Dwijodiprojo kang manggon ana ing Dusun Sekardangan Desa Papungan Kecamatan Kanigoro Kabupaten Blitar. Serat meniko mengku wejangan kanggone tiyang ingkang anduweni tekad nempuh syariat, tarekat, hakikat, lan makrifat. Mugi-mugi serat meniko mbekta manfaat lan berkah wonten dunyo dumugi akhirat. Amiin. Sun arani catur margi Srengat, tarekat, hakikat Genep papat makrifate Iku kabeh lakanana Kanggo dalan tumeka Mring Gusti Kang Maha Agung Sifat tan kinaya ngapa ***** Syaikh Ngabdul Kadir Jailani Dzikir jahri nafi itsbat Muter tasbih ing drijine Lan Syaikh Naqsyabandi uga Dzikire sir ing dada Ismu dzat ing lathif pitu Nggayuh wushul Gusti nira ***** Mangewu lathifah qalbi Lathifah ruh sewu kanca Lathifah sirri padhane Lathifah khafi samiya Sewu lathifah akhfa Nafsu nathiqah ya sewu Jam’ul badan sewu uga ***** Syaikh Ngabdullah As-Sathori Martabat pitu tamatna Akadiyah Wahdah truse Wakidiyah klebu uga Arwah Mitsal lan Ajsam Insan Kamil pepak pitu Akmaliyah dadi nira ***** Sayyid Ngabdullah Haddadi Risalatul Mungawanah Iku kitab anggitane Nasha’ih Diniyah uga Mengku tuturing gama Ing dedalane kang luhur Nggo slamet dunya akhirat ***** Syaikh Ibrahim Matubuli Paring pitulas wasiyat Minah Saniyah kitabe Kabeh perlu digatekna Kanggone wongkang branta Mring panempuh wali agung Kang laku wahdat ing ndonya ***** Ana Imam Al-Ghojali Kitab Kimya’us Sangadah Kanggo nempuh ing Gustine Minhajul Ngabidin uga Lakune pitu kanca Purwa makrifat lan ngelmu Akhir syukur Gusti nira ***** Syaikh Abul Kasan Sadeli Nganggit hizib-hizib ahzab Ingkang agung paedahe Slawat Nur Dzati samiya Mengku paedah tama Iloduni kanggo niku Kajat liya kena uga ***** Liya kabeh guru wali Kang ana ing tanah Jawa Terusna laku suluke Patembayatane uga Ing raga nerus jiwa Yen bisa anempuh iku Yekti tansah nemu mulya ***** Nata ingsun ing baet tri Betal makmur ana sirah Betal muharram dhadhane Betal maqdis perjinira Wejangane kang mulya Ronggowarsito sang guru Pujangga ing Surakarta Katerangan “Serat Suluk Panempuh Jati” inggih menika: 1. Pupuh kapisan nerangake wong nggayuh marang Gusti Allah kudu nglakoni “Catur Margi”, yaiku: (1) Syareat; (2) Tarekat; (3) Hakikat; lan (4) Makrifat. 2. Pupuh kapindo nerangake tata carane dzikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani lan Syaikh Muhammad Baha’uddin An-Naqsyabandi, yaiku Dzikir Jahri lan Dzikir Sirri. Yaiku, Tarekat Qadiriyah lan Tarekat Naqsyabandiyah. 3. Pupuh katelu nerangake “Lathoif Pitu” kanggo Dzikir Sirri sangka Syaikh Muhammad Baha’uddin An-Naqsyabandi. Yaiku: (1) Lathifah Qalbi; (2) Latifah Ruh; (3) Lathifah Sirri; (4) Lathifah Khafi; (5) Lathifah Akhfa; (6) Lathifah Nafsu Nathiqah; lan (7) Lathifah Jam’ul Badan. 4. Pupuh kapapat nerangake lakune tarekat Syaikh Abdullah As-Syathori kang mengku katerangan “Martabat Pitu”, yaiku: (1) Akadiyah; (2) Wahdah; (3) Wakidiyah; (4) Alam Arwah; (5) Alam Mistal; (6) Alam Ajsam; (7) Insan Kamil. Yen wus genep pitu dadi panempuh Tarekat Syathoriyah-Akmaliyah. 5. Pupuh kalmia nerangake lakune tarekat Sayyid Abdullah Al-Haddad kang wus kasebut ing “Kitab Risalah Mu’awanah” lan “Kitab Nashoihud Diniyyah”. Yaiku Tarekat Haddadiyah, Alawiyyah, Aidrusiyah. 6. Pupuh kaenem nerangake lakune tarekat Syaikh Ibrahim Al-Matubuli kang rupa 17 wasiat ana ing “Kitab Minahus Saniyah”. Yaiku aran Tarekat Matubuliyah. 7. Pupuh kapitu nerangake lakune tarekat Syaikh Abu Hamid Muhammad Al-Ghozali ana ing “Kitab Kim’yaus Sa’adah” lan “Kitab Minhajul Abidin”. Yaiku aran Tarekat Ghozaliyah. 8. Pupuh kawolu nerangake Syaikh Abul Hasan As-Syadzili yaiku waliyullah kang nganggit Hizib-Hizib kanga gung faedahe. Ugo nganggit “Shalawat Nur Dzati” kanga gung faedahe kanggo ngelmu laduni. Yaiku, pendirine Tarekat Syadziliyah. 9. Pupuh songo nerangake wejangan supaya nerusake laku suluke Walisongo lan guru wali ing Tanah Jawa. Ugo nerusake “Patembayatan” kang sampun digagas dening Sunan Tembayat Klaten Jawa Tengah. 10. Pupuh sepuluh nerangake wejangane Kiyai Raden Ngabehi Ronggowarsito pujangga Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat Solo Jawa Tengah. Yoiku: (1) Baitul makmur; (2) Baitul Muharraom; lan (3) Baitul Mukaddas.