Menjadi pusat studi yang berkontribusi mengembangkan kekuatan pikiran dan jiwa untuk menuju perubahan positif yang membahagiakan
Minggu, 28 Agustus 2022
SULUK PANEMPUH JATI
Dening: Kiyai Mas Ngabehi Dwijodiprojo
Puniko “Serat Suluk Panempuh Jati” kanthi Tembang Asmarandana anggitanipun Kiyai Mas Ngabehi Dwijodiprojo kang manggon ana ing Dusun Sekardangan Desa Papungan Kecamatan Kanigoro Kabupaten Blitar. Serat meniko mengku wejangan kanggone tiyang ingkang anduweni tekad nempuh syariat, tarekat, hakikat, lan makrifat. Mugi-mugi serat meniko mbekta manfaat lan berkah wonten dunyo dumugi akhirat. Amiin.
Sun arani catur margi
Srengat, tarekat, hakikat
Genep papat makrifate
Iku kabeh lakanana
Kanggo dalan tumeka
Mring Gusti Kang Maha Agung
Sifat tan kinaya ngapa
*****
Syaikh Ngabdul Kadir Jailani
Dzikir jahri nafi itsbat
Muter tasbih ing drijine
Lan Syaikh Naqsyabandi uga
Dzikire sir ing dada
Ismu dzat ing lathif pitu
Nggayuh wushul Gusti nira
*****
Mangewu lathifah qalbi
Lathifah ruh sewu kanca
Lathifah sirri padhane
Lathifah khafi samiya
Sewu lathifah akhfa
Nafsu nathiqah ya sewu
Jam’ul badan sewu uga
*****
Syaikh Ngabdullah As-Sathori
Martabat pitu tamatna
Akadiyah Wahdah truse
Wakidiyah klebu uga
Arwah Mitsal lan Ajsam
Insan Kamil pepak pitu
Akmaliyah dadi nira
*****
Sayyid Ngabdullah Haddadi
Risalatul Mungawanah
Iku kitab anggitane
Nasha’ih Diniyah uga
Mengku tuturing gama
Ing dedalane kang luhur
Nggo slamet dunya akhirat
*****
Syaikh Ibrahim Matubuli
Paring pitulas wasiyat
Minah Saniyah kitabe
Kabeh perlu digatekna
Kanggone wongkang branta
Mring panempuh wali agung
Kang laku wahdat ing ndonya
*****
Ana Imam Al-Ghojali
Kitab Kimya’us Sangadah
Kanggo nempuh ing Gustine
Minhajul Ngabidin uga
Lakune pitu kanca
Purwa makrifat lan ngelmu
Akhir syukur Gusti nira
*****
Syaikh Abul Kasan Sadeli
Nganggit hizib-hizib ahzab
Ingkang agung paedahe
Slawat Nur Dzati samiya
Mengku paedah tama
Iloduni kanggo niku
Kajat liya kena uga
*****
Liya kabeh guru wali
Kang ana ing tanah Jawa
Terusna laku suluke
Patembayatane uga
Ing raga nerus jiwa
Yen bisa anempuh iku
Yekti tansah nemu mulya
*****
Nata ingsun ing baet tri
Betal makmur ana sirah
Betal muharram dhadhane
Betal maqdis perjinira
Wejangane kang mulya
Ronggowarsito sang guru
Pujangga ing Surakarta
Katerangan “Serat Suluk Panempuh Jati” inggih menika:
1. Pupuh kapisan nerangake wong nggayuh marang Gusti Allah kudu nglakoni “Catur Margi”, yaiku: (1) Syareat; (2) Tarekat; (3) Hakikat; lan (4) Makrifat.
2. Pupuh kapindo nerangake tata carane dzikir Syaikh Abdul Qadir Al-Jailani lan Syaikh Muhammad Baha’uddin An-Naqsyabandi, yaiku Dzikir Jahri lan Dzikir Sirri. Yaiku, Tarekat Qadiriyah lan Tarekat Naqsyabandiyah.
3. Pupuh katelu nerangake “Lathoif Pitu” kanggo Dzikir Sirri sangka Syaikh Muhammad Baha’uddin An-Naqsyabandi. Yaiku: (1) Lathifah Qalbi; (2) Latifah Ruh; (3) Lathifah Sirri; (4) Lathifah Khafi; (5) Lathifah Akhfa; (6) Lathifah Nafsu Nathiqah; lan (7) Lathifah Jam’ul Badan.
4. Pupuh kapapat nerangake lakune tarekat Syaikh Abdullah As-Syathori kang mengku katerangan “Martabat Pitu”, yaiku: (1) Akadiyah; (2) Wahdah; (3) Wakidiyah; (4) Alam Arwah; (5) Alam Mistal; (6) Alam Ajsam; (7) Insan Kamil. Yen wus genep pitu dadi panempuh Tarekat Syathoriyah-Akmaliyah.
5. Pupuh kalmia nerangake lakune tarekat Sayyid Abdullah Al-Haddad kang wus kasebut ing “Kitab Risalah Mu’awanah” lan “Kitab Nashoihud Diniyyah”. Yaiku Tarekat Haddadiyah, Alawiyyah, Aidrusiyah.
6. Pupuh kaenem nerangake lakune tarekat Syaikh Ibrahim Al-Matubuli kang rupa 17 wasiat ana ing “Kitab Minahus Saniyah”. Yaiku aran Tarekat Matubuliyah.
7. Pupuh kapitu nerangake lakune tarekat Syaikh Abu Hamid Muhammad Al-Ghozali ana ing “Kitab Kim’yaus Sa’adah” lan “Kitab Minhajul Abidin”. Yaiku aran Tarekat Ghozaliyah.
8. Pupuh kawolu nerangake Syaikh Abul Hasan As-Syadzili yaiku waliyullah kang nganggit Hizib-Hizib kanga gung faedahe. Ugo nganggit “Shalawat Nur Dzati” kanga gung faedahe kanggo ngelmu laduni. Yaiku, pendirine Tarekat Syadziliyah.
9. Pupuh songo nerangake wejangan supaya nerusake laku suluke Walisongo lan guru wali ing Tanah Jawa. Ugo nerusake “Patembayatan” kang sampun digagas dening Sunan Tembayat Klaten Jawa Tengah.
10. Pupuh sepuluh nerangake wejangane Kiyai Raden Ngabehi Ronggowarsito pujangga Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat Solo Jawa Tengah. Yoiku: (1) Baitul makmur; (2) Baitul Muharraom; lan (3) Baitul Mukaddas.
Sabtu, 25 Juni 2022
Kamis, 23 Juni 2022
Langganan:
Komentar (Atom)






























